![]() |
Bu Dokter Nowi |
DEMAK – Kanggo ngentengake
sanggane warga desa Trengguli ing babagan njaga kesehatan khususe kanggo wong
sing ora mampu. Tim satgas kesehatan TMMD uga menehi pelayanan kesehatan warga
lan uga prajurit kang nandhang lara. Pelayanan kesehatan mau arupa pemeriksaan
lan uga pengobatan gratis. TMMD Kodim Demak nganaake acara baksos Selasa (24/5) .
Salah
sawijine dokter sing melu urun tenagane yaiku bu Dokter Novi sing asli warga
Trengguli sing omahe uga dienggoni Prajurit TNI . Bu Dokter sing ayu iki wiwit
tanggal 3 Mei keliling kampung menehi pelayanan kesehatan. Sakdurunge wulan April satgas ugo wis nyambangi desa iki.
Bu dokter
Novi ngandharake Manawa kegiatan bakti social kesehatan iki kegiatan social kemanusiaan
. Dewekke sing asli warga desa Trengguli nduweni kewajiban mbiyantu marang
warga sing mbutuhake. Kebenaeran dewekke makarya dadi dokter UGD RSI NU Demak
sing ora adoh saka omahe.
Ing
kegiatan bakti social kesehatan iki dewekke dibantu perawat lan uga tenaga non
medis sala Klinik Pratama Kartika. Kepala Desa Trengguli M. Subkhi ngandarake
kegiatan bakti social kesehatan banget dibutuhake warga masyarakat . Saenggo
wong sing mriksaake kesehatane uga lumayan akeh. (Pendim
0716/Demak)
MAINAN MURAH SERBA 1000 RUPIAH Butuh Garam Krosok Demak Hubungi HAMZAWI 085727809314
0 Response to "Bu Dokter “NOVI” Ora Ketinggalan Urun Tenaga Ing TMMD Desa Trengguli"
Post a Comment