Demak – Anane TMMD ing Desa Tregguli kecamatan Wonosalam
pancen kanggo nata lingkungan supaya temata apik. Contone ana 10 warung ing
desa iku sing di bongkar Satgas TMMD merga nyalahi aturan. Sakliyane ngalangi
dalan mlebu ing desa iku uga dinuga kanggo dodolan minuman keras lan uga
prostitusi.
Pembongkaran
iki asil saka musyawarah bebarengan antarane tokoh masyarakat lan uga wong sing
nduweni warung. Asil keputusan rapat warung kudu di bongkar merga nggganggu
ketertiban umum . Pembongkaran warung mau sakliyane ditandangi dhewe , tentara uga mbiyantu ben cepet lebar.
Kepala desa
Trengguli M. Subkhi sing didampingi ulama KH Mukhlas Siradj liwat rilis sing
dikirim Kodim Demak , ngandharake tokoh masyarakat,tokoh pemuda lan uga kabeh
lapisan masyarakat liwat BKM ( Badan Kesejahteraan Masjid ) setuju marang
pembongkaran warung warung liar ing desa Tregguli.
Sauntara iku
Danramil Wonosalam Kapten Inf. Rustiyanto sing didampingi Babainsa Trengguli
Serda Seger ndukung anane pembongkaran warung sing ngalangi pemandangan dalan
tumuju desa Trengguli. Sakliyane iku warung uga ora nduweni surat usaha
perdagangan lan uga nggenggoni lemah sing dudu hake.
Dene fihak sing
nduweni warung uga setuju manawa warunge dibongkar lan njaluk ngapura merga
manggon sacara liar. Sakliyane iku uga ngucapake maturnuwun marang para tentara
sing mbiyantu pembongkaran warung liar samengko dipindah ing panggonan liyane. (Muin)
MAINAN MURAH SERBA 1000 RUPIAH Butuh Garam Krosok Demak Hubungi HAMZAWI 085727809314
0 Response to "Warung Liar Ing Desa Trengguli Ditertibake Satgas TMMD "
Post a Comment