![]() |
Pak Salim lan omehe (Sumber :Kompasiana.com) |
Demak - Iki ana crita sing nggawe gumregele ati , yaiku ana salah sawijining wong ora nduwe nanging emoh dibantu amarga dewekke ngaku ye awkake wis cukup . saenggo saben ana sing mbiyantu nning bantuan mau dibaleake maneh. Ngakon wong sing menehi bantuan kon menehake wong liyane sing luwih mbutuhake.
Jenenge pak Salim warga Dusun Tawing, Desa Sidorejo RT 4 RW 5, Kecamatan Ponggok, Kabupaten Blitar. omahe cilik gebyoke pring sigaran , bagiyan ngisore wis padha bolong . Omah cilik iki kanggo turu saenggo ing njerone mung ana amben siji. Saliyane iku ana dhapur utawa pawon sing digawe saka lemah. ora ana kamar mandi utawa WC.
Sing ana mung padasan cilik kanggo wudhu merga pak Salim yen ados utawa bebuwang lungo kali sacedha omahe. Saiki Pak Salim umure 50 Tahun ,dewekke urip ijen ora ana kancane. Saben dina gaweyane buruh macul sawahe uwong . Yen dietung opahe utawa bayaren sesasi mung 500 ewunan.
Senajan ngono Pak Salim ngaku uripe seneng lan syukur marang gusti kang murbowasesa. Saliyane iku dewekke uga ora tau ngrantesi uripe senajan tanpa anak tanpa bojo. Senajan dewekan ora ana kancane nanging uripe tenang lan damai ing omahe kang reyot.
ndeleng kahana iki komunitas sosial Solidaritas Wajah Pribumi (WAPRI) yang berkantor pusat di Blitar kepengin menehi bantuan arupa dhuwit lan sembako . Nanging dening pake Salim bantuan iku di tolak kanti alus senajan ta nalika amplop mau di duduhake isine dhuwit sayuta Rp 1.000.000.Sing menehi nganti kaping telu nyambangi pak Salim nanging pak Salim ora gelem nampa.
" Dhuwit iki tak tampa , ning tulung wenehna maneh marang wong liya sing mbutuhake , Sebab isih akeh wong sing mbutuhake saliyane awakku ", ngono kandhane
Kahanane pak Salim iku nuduhake marang kita kabeh manawa sugih iku ora kok merga banda donya . Nanging urip tentren sing ora materialistik . Critane pak Salim iki bisa kanggo tepa tulada marang kita kabeh oja ngaku wong sing ora nduwe merga kepengin bantuan pemerintah.
Saiki wong royokan dadi miskin amarga ngarep bantuan saka pemerintah . Akeh bantuan saka pemerintah sing salah sasaran merga wong-wong sing mampu ngaku miskin. Malah ana wong sing mampu ngamuk-ngamuk merga ora kumanan bantuan pemerintan. (Muin)
Crita lengkape pak Salim bisa diwaca nang kene KOMPASIANA
MAINAN MURAH SERBA 1000 RUPIAH Butuh Garam Krosok Demak Hubungi HAMZAWI 085727809314
0 Response to "Jooos !!! Iki Loh Wong Miskin Ning Ngaku Sugih , Emoh Dibantu !!!!"
Post a Comment