Ciamis – Gegayutan karo program PKH ( Program Keluarga harapan ) kanggo keluarga
sangat miskin (KSM ) Kepala Dinas Sosial, Tenaga Kerja dan Transmigrasi (Dinsosnakertrans) Kabupaten Ciamis Wawan S Arifien ngandharake siteker KSM sing ditempel iku kanggo nadhani yen omah iku nampa program PKH . Saenggo program iku iso tepat sasaran.
“Pemasangan stiker iki ora kanggo ngisin-isinake masyarakat ,
nanging kanggo tanda yen keluarga iki kategori sangat miskin lan kudu dibantu
ngentasake . Salah sijine keluarga mau kudus entuk beras raskin” ngono kandhane
Wawan kaya sing dilansir saka Sindo News
Selasa (5/1/2016).
Cacahe omah sing entuk program PKH ing kabupaten Ciamis
lan wis dipasangi stiker akehe 12.869 omah. Cacah samana mau adedasar saka data
BPS ( Balai Pusat Statistik ) pusat. Dene daerah ing Jawa barat sing wis masang
stiker KSS yaiku Sumedang,Majalengka, lan Ciamis.
.
Wawan ngandharake ing tahun 2015 ana 285 keluarga sing dientasake saka kemiskinan. Mundhake drajat panguripan mau merga ana pendampingan. Dadi ing tahun 2016 ini keluarga mau wis ora mlebu nampa PKH. Dene dewekke ugo nganaake pendataan anyar kanggo keluarga liyane sing mlebu PKH.
.
Wawan ngandharake ing tahun 2015 ana 285 keluarga sing dientasake saka kemiskinan. Mundhake drajat panguripan mau merga ana pendampingan. Dadi ing tahun 2016 ini keluarga mau wis ora mlebu nampa PKH. Dene dewekke ugo nganaake pendataan anyar kanggo keluarga liyane sing mlebu PKH.
Dene coordinator
PKH kabupaten Ciamis Indra Maulana nambahake , ana rong werna pendampingan
kanggo keluarga miskin yaiku babagan kesehatan lan pendidikan. Bidang pendidikan
PKH mbiyantu sekolah saka keluarga ora mampu sesuai jenjang pendidikane
tingakat SMTA kecatet 1.626, SMP 5.709,lan SD 11.286.
Saben siswa oleh bantuan gumantung saka
jenjange SMA gehene bantuan Rp 1.000.000,kanggo SMP Rp 700 ewu,lan SD Rp 500
ewu saben tahunne.Dene bidang kesehatan kecatet 245 ibu hamil,lan Balita 5.352
lan entuk bantuan Rp 1.000.000 saben tahunne. (Muin)
MAINAN MURAH SERBA 1000 RUPIAH Butuh Garam Krosok Demak Hubungi HAMZAWI 085727809314
0 Response to "Lha Iki 12.869 Keluarga Sing Nampa PKH di Pasang Stiker Keluarga Sangat Miskin"
Post a Comment