![]() |
Kados
Sura-Sura taun kepengker, Sura taun menika grup-grup kethoprak Pathi ugi boten
nate sepen saking tanggapan. Kenging menapa saged makaten, kamangka dening para
seniman tradisi ing wilayah sanesipun, Sura kapetang wulan paceklik ?
Salebetipun Sura Taun Je 1950 ingkang ngepasi Oktober 2016 menika, kethoprak Wahyu Manggolo pikantuk tanggapan ambal kaping 19, Siswo Budoyo ping 18, lan Bhakti Kuncoro ping 14. Saking order pentas cacah menika, meh saben yanggapan mainipun rinten-dalu.
Pancen, sinaosa ing wulan Sura, taksih wonten tiyang gadhah damel. Cacahipun boten kathah. Namung setunggal-kalih. Menika kemawon racakipun namung kantun rame-ramenipun. Tegesipun, menawi mantenan, ijabipun sampun saderengipun Sura, dene pahargyanipun nembe ing wulan menika.
Kenging menapa anggenipun ngramekaken nembe (saged) ing wulan Sura? Wonten pinten-pinten alesan. Salah setunggalipun nembe saged nanggap ing wulan Sura. Lha, menawi ing wulan sasanesipun Sura? Kethoprak sampun kebak tanggapan, saben wulan full, saben dinten ngedhur prasasat tanpa kendhat!
Amargi radi selanipun wonten ing Sura, mila lajeng dipunpilih rame-ramenipun ing wulan menika. Dados, menika kantun undhanganipun utawi ngrawuhaken para tamu sarta manembrama rawuhipun ingkang sami buwoh (nyumbang) kanthi hiburan arupi kethoprak.
Menapa ingkang nanggap kethoprak ing wulan Sura menika namung ingkang gadhah damel mantu utawi tetakan kemawon? Pranyata boten. Nitik saking lembaran jadwal pentasipun kethoprak-kethoprak kasebat, mliginipun papan panggenanipun pentas, ketingal bilih ingkang nanggap boten namung tiyang salimrahipun gadhah damel, nanging (kapara kathah-kathahipun) panitia lan kepala desa.
Dados, ingkang nanggap menika dede asipat pribadi, nanging panitia, kalebet panitia ingkang dipunsuhi dening kepala desa utawi kepala dhusun. Dene “dalam rangka”-nipun werni-werni. Wonten ingkang “namung” syukuran, nanging wonten ugi ingkang dalam rangka haul kagem ngurmati lan ngemuti satunggaling tokoh ingkang sampun (dangu) murud ing kasedan jati utawi acara menika ugi mratah kasebat kol. (Supriyanto Lintang)
Profil Singkat :
Supriyanto Lintang , S Pd lahir di Grobogan ,29 Desember 1978 saat ini mengajar di SMP Godong Purwodadi Grobogan. Sejak kecil sudah berkecimpung di bidang seni jawa . Usia 5 tahun sudah manggung di pertunjukan kethoprak bersama ayah dan kakeknya yang juga seniman. Masa remajanya selain kuliah waktunya dihabiskan untuk mendalami seni jawa secara otodidak , baik seni peran, seni tari, mendalang sampai den gan music jawa dan klenengan. Kini selain mengajar waktu selanya dicurahkan untuk memetri atau nguri-uri kesenian jawa. Selain mempunyai sanggar seni budaya jawa, ia juga pimpinan grup kethoprak “ Lintang Budhaya” Demak. Sedangkan Grup music campur sari yang pimpin bernama “ Lintang Budhaya Laras”. Ia merupakan seniman jawa yang serba bisa. Alamat di : Sanggar Lintang Budhoyo D.a. Supriyanto Lintang, S.Pd. Kp. Suruhan Rt.01/05 Ds. Mranak Kec. Wonosalam Kab. Demak HP. 081325155060.
0 Response to "Apa Sebabe Sasi Suro Kethoprak Ora Sepi Tanggapan "
Post a Comment